KabarJawa.com – Dalam kegiatan gotong royong massal atau kerja bakti akbar, peran MC sangat krusial untuk mengomando semangat warga.
Apalagi jika acara tersebut dihadiri pejabat wilayah (Pak Camat/Pak Lurah) dan diselingi panggung hiburan rakyat.
Dan jika Anda bertugas sebagai MC, dan diminta menyampaikannya dalam Bahasa Jawa, berikut KabarJawa.com sajikan referensinya.
Contoh Teks Pranatacara Kerja Bakti Akbar dan Hiburan Rakyat
Pembuka
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Camat (Nama Kecamatan) ingkang dhahat kinurmatan.
Dhumateng Bapak Lurah/Kepala Desa (Nama Desa) saha perangkat desa ingkang kula hormati.
Bapak Ketua RW, Ketua RT, Tokoh Masyarakat, saha para warga, Bapak-bapak, Ibu-ibu, tuwin para mudha taruna ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, ing enjing ingkang cerah menika kita saged makempal ing lapangan/balai desa punika, saperlu nindakaken kegiatan mulya, inggih menika “Kerja Bakti Akbar & Pesta Rakyat” kanthi kawontenan sehat walafiat.
Para rawuh ingkang kinurmatan, keparenga kula maosaken menggah reroncening adicara ingkang badhe lumampah:
- Pambuka.
- Sambutan lan Simbolis Pambuka Kerja Bakti.
- Doa.
- Inti (Pelaksanaan Kerja Bakti).
- Istirahat, Dhahar, lan Hiburan.
- Panutup.
Bapak Ibu ingkang minulya, kangge miwiti adicara lan supados anggen kita nyambut damel mangke pinaringan lancar, sumangga kita buka kanthi waosan Basmalah sesarengan.
(Bismillahirrahmanirrahim)”
Sambutan & Simbolis
“Adicara ingkang angka kalih inggih menika sambutan saking Bapak (Camat/Lurah) sisan paring aba-aba dimulainipun kerja bakti sacara simbolis. Dhumateng Bapak (Sebut Nama), wekdal saha papan kula sumanggakaken.
(Sambutan Selesai)
Matur nuwun dhumateng Bapak (Nama). Mugi-mugi arahanipun saged nambah semangat kita sedaya.”
Doa
“Sakderengipun kita tumuju dhumateng pos-pos kerja bakti, sumangga kita dedonga supados tansah dipun paringi kaslametan. Doa badhe dipun pimpin dening Bapak (Nama Modin/Tokoh Agama). Sumangga.
(Doa Selesai)”
Acara Inti
“Para warga ingkang kinurmatan, adicara seremonial sampun paripurna. Sumangga sapunika kita tumuju dhumateng pos/area ingkang sampun dipun bagi kangge miwiti reresik lingkungan.
Mangke, wanci jam (Sebutkan Jam, misal pukul 10.00 WIB) kula aturi kempal malih wonten mriki kangge istirahat lan dhahar. Sumangga lan salam gotong royong!”
Istirahat dan Hiburan
“Bapak, Ibu, saha sedherek sedaya. Sampun rampung anggenipun reresik, sapunika wekdalipun kita ngaso (istirahat). Panitia sampun nyawisaken dhaharan lan unjukan kangge nambani sayah.
Sinambi dhahar, sumangga kita nikmati pasugatan hiburan (Sebutkan Hiburan) saking (Nama Grup Musik).
Sumangga dipun rahabi, lan sumangga ingkang badhe nyumbang lagu kula aturi.”
Penutup
“Para rawuh sedaya, alhamdulillah kegiatan kerja bakti dinten menika sampun lumampah kanthi lancar. Lingkungan dados resik, paseduluran tambah raket.
Kula minangka pranatacara, nyuwun agunging sih samudra pangaksami mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur lan solah bawa.
Sumangga kita pungkasi acara menika kanthi waosan Hamdalah sesarengan.
(Alhamdulillahi rabbil ‘alamin).
Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Perlu diingat, naskah di atas hanyalah referensi, sehingga Anda perlu menyesuaikannya kembali.
Nah, itulah tadi teks MC acara kerja bakti yang bisa Anda jadikan contoh. Semoga bermanfaat.***
News
Berita Teknologi
Berita Olahraga
Sports news
sports
Motivation
football prediction
technology
Berita Technologi
Berita Terkini
Tempat Wisata
News Flash
Football
Gaming
Game News
Gamers
Jasa Artikel
Jasa Backlink
Agen234
Agen234
Agen234
Resep
Download Film
Comments are closed, but trackbacks and pingbacks are open.